Posted in:
By Eko NP Andi 0 komentar

Jogja, Piye Kabare Dab...!

Sepuntenipun ingkang kathah anggenipun telat ngucapaken Turut Berbela Sungkawa kagem para korban gempa dek tanggal 27 Mei kepungkur. Mugi dipun paringi ketabahan dumateng para warga Jogja.
Oh, inggih kagem Mbah Dawami kulo ngaturaken mugi dipun paringi kekuatan ngadepi musibah meniko. Emut kaleyan omonganipun Bapak dumateng kulo "Allah mboten maringi cobaan ingkang mboten saged dipun adepi kagem umate".
Musibah meniko namung sentilan sithik saking ingkang mahakuasa, mugi dipun paringi kesabaran ngadepi musibah meniko lan kaliyan musibah meniko monggo kita sareng2 ningkataken iman kita dumateng ingkang nggadahi urip lan waras.
Semanten kemawon saking kulo. Ayo bangkit Jogja!